Tontonan dan Tuntunan - WAYANG iku ora mung tontonan, nanging uga tuntunan. Lire, wayang ikut ora mung tontonan sing nyenengake, nanging uga isi piwulang mungguh ing urip ing satengahing bebrayan.
Wayang iku ora mung nduweni nilai estetis, nanging uga nilai etis. Seni sing adiluhung itu ora mung endah lan edi, nanging uga nduweni bobot religius lan filosofis. Seni sing adiluhung iku bisa nambah sesurupan, nggugah kesadaran, lan bisa aweh pencerahan.
Kaendahan sing bisa dirasakake nalika nonton pagelaran wayang kulit iku werna-werna, upamane endahing iringan karawitan binarung empuk lan wileting awara waranggana; critane ki dhalang nalika nggambarake swasananing pasewakan, pacrabakan, lan papan-pan liyane; suluke ki dhalang sing bisa nuwuhake greget, swasana sereng, prihatin, lan sedhih.
Kabeh mungkin mujudake tontonan kang menarik ati, sanajan ora mung mligi kaendahan visual, nanging uga kaendahan kang tinampa liwat pangrungu, sing sabanjure diolah dening pamikir lan pangrasa.
Dene tuntunan, ikut arupa piwulang utawa wewarah. Piwulang lan wewarah mau magepokan karo bab sopan santun, budi pekerti, panembah, nganti bab sangkan paraning dumadi. Tuntunan mau ora mung arupa wejangan, nanging rumesep ing lajering carita sing bisa disurasa dening penonton manut kadiwasaning pamikire dhewe-dhewe. Tontonan iku diwedeni kadidene unsur sing nyenengake, nanging ora pati gedhe paedahe. Tontonan iku sing dikarepake unsur "hiburan"-e, dene tuntunan iku unsuring carita kang mengku piwulang lan falsafah.
Jero lan cetheke piwulang gumantung marang kawasisane sing nonton anggone ngonceki surasaning carita. Pagelaran wayang iku ora matesi umuring penontone; wayang iku kanggo "segala umur". Sing nonton wayang itu wiwit bocah, para muda, para wredha, nganti para "lansia". Ing pagelaran wayang kulit iku ana bageyen-bageyan sing cocok kanggo bocah, kanggo para nom-noman, lan para sepuh. Nonton wayang iku nengenake "kebersamaan". Wong nonton wayang adate bebarengan karo sedulur, tangga, kanca utawa tetepungan liyane. Akeh bae wong nonton wayang sing padha rembugan karo wong sakiwo-tengan.
Rehne crita ing wayang kulit purwa iku lakune rendhet, senajan diselingi rembugam, penonton ora bakal keri karo lakuning carita, amarga sing akeh-akeh wis padha ngerti critane amarga wis tau nonton, wayang kanti lakon kang padha. Malah jaman biyen, para penonton ing samburining kelir padha kasukan utawa main kertu. Lha yen disambi kasukan mesthi bae wayange wis kesingkur, wis ora antuk kawigaten.
Pagelaran wayang iku nduweni sifat magis -religius. Sadurunge mayang dhalang nindakake laku batin, yaiku pasa utawa sesirik kanthi panyuwun muga-muga olehe ndhalang ora nemoni alangan lan bisa lumaku kanthi becik. Kanggone sing nanggap, wayangan iku mengku karep supaya olehe duwe kajat bisa kaleksanan kanthi becik. Pamilihing lakon uga dicundhukake karo kajate. Yen mengeti kelahiran bayi, dipilih lakon-lakon kaya ta Gatutkaca Lahir, Lahire Wisanggeni, lan sapanunggalane; kanggone sing duwe gawe mantu adate milih crita alap-alapan, upamane: Alap-alapan Setyaboma, Alap-alapan Surtikanthi, lan sanunggalane. Sing ditembungake tontonan iku unsur sing sifate "menghibur", dene tuntunan iku sifate serius lan sakral. Pagelaran wayang iku ora terus-terusan serius, ana kalane swasane dadi santai, kebak guyon lan gegojegan. Saiki tontonane luwih onjo (dominan) katimbang unsur seriuse. Penonton, luwih-luwih para mudha, pancen luwih seneng nonton lelucon lan gegojegane. Lelucon lan gegojegan iku dening ki dhalang dipasrahake marang para pelawak sing banjur "beraksi" ing pentas kang dumunung ana ngarep simpingan wayang sisih tengeh.
Tarkadhang acara diiseni lagu- lagu pilihan pendengar / penonton.Malah ana penonton, biasane pejabat, sing disuwuni nyumbang lagu. Suasana pancen ya gayeng lan "meriah". Tontonan sing asring kanggo ngisi adegan limbukan lan gara- gara iku, wektune asring molor. Saking gayenge , olehe padha guyonan sok "keblablasen" lan "lepas kontrol", kang kanggo penonton mudha ora "mendhidhik". Sing becik iku sing saukur utawa proporsional, ana seriuse ning ya ana "santai"-ne. Unsur tontonan lan tuntunane becike ora njomplang.
Lajering crita aja ilang mung amarga olehe nggedheakke unsur tontonane. Unsur tontonan, minangka selingan ya sacukupe bae. Kanthi mangkono, ana sesambungan kang selaras utawa harmonis ing antarane tontonan lan tuntunan.
Hak cipta artikel milik : suaramerdeka.com